Selasa, 10 April 2012

lirik dan lagu sodiq sindiran

Lirik Lagu Sindiran Sodiq

Lirik+mp3+sodiq+sindiran

Lagu sodiq yang berjudul sindiran ini,plesetan dari Syair tanpo waton .karya almrhum K.h abdurahman wahid. Jika disimak liriknya mengandung sindiran terhadap pejabat pemerintahan. Tapi kreatifitasnya sangat bagus.

Coba di simak lirik sindiran ini



"Ngawiti Ingsun Nglaras

Sindiran

Kelawan poro wong nang

nduwuran

Kang Ndalanake Dana anggaran

Ojo sembrono tanpo

itungan.....2x

Duh poro konco priyo waniyo

Ojo mung njabat sare'at bloko

Gur pinter janji ra iso

mbkutekno

Tembe mburine rakyat seng

soro....2x

Akeh kang pinter sekabehane

Seneng ngakali marang kuline

Elek'e dewe nggak di keto'ke

Padahal iku akal buluse.....2x

Gampang mbuji'i janjine goroh

Kangge menangke tuku suworo

Sarto wes lungguh neng kursi

rojo

Janji janjine njur ora nyoto...2x

Ayo sedulur jo nglalekake

Karo seng ndisik milih

suwarane

Ojo nggedekke wetenge dewe

Sing dukung kowe sek panggah

kere....2x

Dadi pejabat ora bakal suwe

kadung wes rakyat gak

ngarepake

Yen wes janjine ra di buktekne

bakal di demo di gulingake...2x

Koran lan tv podo ngabarke

pejabat maling akeh contone

Soko seng nduwur sak

ngisorane

kruy'an nyunat jatah

rakyate...2x

Koyo wes podo nunggu giliran

sopo sing nyolong bakal

konangan

Yen dipercoyo dadi pimpinan

Kudu kang jujur lan kuat

iman...2x

Kuwasane donyo ora hakiki

Ayo di jogo lan disyukuri

Yen panyuwune wes di turuti

Nang wong ngisore jo nganti

lali...2x

Urep kang ayem rumongso

aman

dudu mergo ono neng

nduwuran

Sabar nerimo senajan pas-pasan

nyukuri takdir soko

pengeran...2x

Ayo poro konco dulur lan tonggo

Kang durung bener podo ilingo

ojo di gunggung lan di

jlompro'no

Siji kang olo kabeh kang

soro...2x

Sindiran iki ojo dadi ati

digawe bingung lan ojo wedi

mung ngelengake kang duwe

janji

mugo-mugo slamet jo nganti

lali...2x"



Anda juga bisa download lagusodiq-sindiran.mp3

Tidak ada komentar:

Posting Komentar